Cerita Lucu Rayuan Gombal Lucu Gae Pacar


Rayuan Gombal Lucu Gae Pacar





Lanang: Bapakmu tukang las pager yo?

Wedok: Kok ngerti sih mas?

Lanang: Mergo sliramu wis mageri atiku

Wedok: Cah wadon liyane ora iso mlebu ya mas?

Lanang: Iyo dek. Kecuali bocah wedone mlumpat pager.

Wedok: Kuwi jenenge maling, mas

Lanang: Tepat mlumpat kuwi kathoke suwek

Wedok: Terus sampean gepuki malinge?

Lanang: Ora dek, mesakno

Wedok: Teros sampean kapakno?

Lanang: Tak plorotne pisan katho’ke

Wedok: Otakmu iku pancen mesum kok mas

Lanang: Mesum piye to? Karepku tidak silihno kathoke simbah ngono lho

Wedok: Lak yo mambu mbako susure simbah to mas

Lanang: Yo mergo iku dek, karo simbah bocahe arep dinikahne karo aku

Wedok: Hah? Terus saya piye mas?

Lanang: Ojo kuatir dek… Sampean yo tidak gawakno sempake simbah… ben diapek mantu pisan

Wedok: Wegah….!! (banjur mlayu karo nangis, hahaha…)

Post a Comment

0 Comments